Al-Mustadrak ala ash-Shahihain

Al-Mustadrak ala ash-Shahihain (Basa Arab: المستدرك على الصحيحين) ya iku kitab koleksi hadits kang disusun déning Hakim al-Naisaburi (w. 405 H) kang kandele nganti limang jilid. Al-Hakim nyusun kitab iki taun 393 H (1002 M) nalika panjenengané umur 72 taun. Kitab iki ngemot 9045 hadits[1]. Panjenengane kandha yèn sekabehing hadits kang ana ing jerone minangka hadits shahih miturut syarat (metode kang digunakaké) Imam Bukhari lan utawa Imam Muslim[2]. Nanging kitab iki éntuk atur sapala kang manéka warna saka para ulama.

  1. Cacah iki kajupuk saka mukadimah Mukhtasar Istidrak Adz-Dzahabi karya Ibnu Mulaqqin, 8–9 [1]
  2. arshad. "Major Collections of Hadith". Members.cox.net. Diarsip saka asliné ing 2002-08-09. Dibukak ing 2010-06-10.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy